Ndeleng
dalan sing nggragal.
Ndeleng
sekolah sing delat maning pan ruwag.
Ndeleng
jembatan sing delat maning pan ambrol.
Ndeleng
comberan sing bebel warnane ireng.
Kayong saiki wis
laka sing kena disawang.
Kayong saiki ws
laka sing kena di kalap.
Kayong saiki ws
laka sing kena di banggakena.
Apa wong
duwur saiki ws pada picek,
Apa
wong duwur saiki ws pada blerengen matane.
Apa wong
duwur saiki ws pada serab.
Mending pada
nonton wong wuda.
Mending pada
nonton wongedan mangan runtah.
Mending pada
nonton tukang becak ngeden lagi nggenjot.
Luwih mending maning nonton bocah cilik
wuda umbelen.
Sudut Ruang Jogja 10 Oktober 2013
Burhan, Mahasiswa yang ga mau disebut kampusnya