Social Icons

Bocah Wuda Umbelen


Ndeleng dalan sing nggragal.
Ndeleng sekolah sing delat maning pan ruwag.
Ndeleng jembatan sing delat maning pan ambrol.
Ndeleng comberan sing bebel warnane ireng.
Kayong saiki wis laka sing kena disawang.
Kayong saiki ws laka sing kena di kalap.
Kayong saiki ws laka sing kena di banggakena.
Apa wong duwur saiki ws pada picek,
Apa wong duwur saiki ws pada blerengen matane.
Apa wong duwur saiki ws pada serab.
Mending pada nonton wong wuda.
Mending pada nonton wongedan mangan runtah.
Mending pada nonton tukang becak ngeden lagi nggenjot.
Luwih mending maning nonton bocah cilik wuda umbelen.

Sudut Ruang Jogja 10 Oktober 2013
Burhan, Mahasiswa yang ga mau disebut kampusnya


 

KPMDB Jogja